Pages

8 July 2012

Aja kelalen digugah

Neng terminal tegal,
ibu2 nganter anak
lanange numpak bis
jurusan tegal-pw.kerto.
Si ibu nitip maring
kernete “mas, nitip anaku nek butul
bumiayu gugahna ya”
bise mangkat sepanjang
jalan bocahe cerewet
bin gujih takon terus
maring kenete”pak, wis butul durung
bumiayu?” Sedela2
takon maning takon
terus nganti wong se
BIS pd ruwing kesuh kr
bocahe, akhire domongi neng kenete ” geh,
pokoke ko turu bae
mengko nek neng
bumiayu tek gugah”
akhire bocahe manut
meneng trus turu. Penumpang+Kenete ya
melu turu, jebule bise
bablas wis butul
ajibarang kenete tangi.
Rumangsa salah karo
bocahe, kenete duwe inisiatip takon karo
penumpang “bapak2
ibu2 sedoyo, mau aku
wis janji arep gugah
bocah kiye nek wis
butul bumiayu siki wis kelewat neng ajibarang,
primen nek muter balik
maning melasi mbok”
para penumpang sing
rumangsa salah tur
melas ahire setuju. Bise muter maning, begitu
tekan bumiayu digugah
bocahe “dik, kiye wis
neng bumiayu”
langsung bocahe tangi,
jenggelek bukak tas kresek jukut
bungkusan rames terus
mangan mrewel bgt.
Kenete takon “wis neng
bumiayu kiye, deneng
ora mudun?” Bocahe jawab “aku arep ming
purwokerto koh pak,
mau mamake aku pesen
nek wis butul bumiayu
aku nembe olih mangan
ramese kiye mulane kon digugah.

0 komentar:

Post a Comment