Pages

29 September 2012

Profesor Linglung mudik numpak sepur

Sawijining dina, Profesor Dalban numpak sepur Purwojaya jurusan Jakarta-Cilacap. Critane arep mudik riyaya balik maring  kampung.

Pas Kondektur arep mriksa karcis sing kaping pindo, Profesor mau madan linglung lan gugup merga karcise ilang. Wis de goleti ming sak klambi, kathok, ning njero tas ora ketemu.

Nanging Kondektur sepur kemutan nek pas mriksa karcis sing kepisan deweke wis mbolongi karcise Profesor.

Kondektur (asline sekang Kroya): "Inyong yakin, Pak Profesor, rika wis nduwe karcis merga pas sepisan tek priksa mau inyong kemutan nek wis mbolongi karcise rika. Pak Profesor mboten sah gugup, mboten usah bingung lan mboten usah tuku karcis maning. Sekecaaken mawon gole lenggahan!"

Profesor : "Ko ndisit kiye Pak Kendur eh..Pak Kondektur......
Bisane inyong ora usah gugup si pimen, merga karcise inyong ilang dadine inyong kelalen arep mudun stasiun ngendi kiye mengko?

Kondektur: #!??@#$$%^&(ngonoh mudun ming alun-alun be olih...)

0 komentar:

Post a Comment