Pages

29 September 2012

CURANPIT (Curahan Perasaan Pitik)



Dulur ngapakers, critane kiye inyonge arep melu-melu kaki Samidi. Nek Kaki Samidi nduwe crita arane CURANMOR (Curahan Perasaan dan Humor) , kiye inyong nduwe crita judule CURANPIT (Curahan Perasaan Pitik). Critane kaya kiye...

Pitik : Nyong jan gething banget karo sing jenengé menungsa...
Sapi : Lha pimén si...dénéng rika ngomong kaya kuwé?
Pitik : Rika ora ngerti si ya..nyong jan nembé mangan beras setithik ning pedhangan bé wis digusah2, diusir-usir lan dipathak kambi watu. Padahal menungsa kuwe enggal dina mangan endog lan mangan daging pithik. Kaya kiyé mbok jenengé ora adil...
Sapi : Ujaré rika thok apa sing gething karo sing jenenge menungsa!
Pitik : Lha si ko kenangapa..pi?
Sapi : Ko si mendhing mung de gusah2, de pathak karo watu..Njajal bayangna lan rasakna kaya inyong..
Enggal dina susuné inyong de mek-mek, de elus-elus, de penjet2..., nanging apa kuwé sing jenengé menungsa gemblung ora nduwé peri kekéwanan.
Ora tau jere dijék nikah, apa maning dilamar....Jiyan pancén menungsa gemblung njimblung...ujaré inyong sapi jablay apa!!!! Nek bisa ta tek bithi sisan nggawe..

0 komentar:

Post a Comment